Luke 12:42 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Paring wangsulane Gusti: “Sapa ta kang dadi pitayaning omah kang setya lan pinter, kang bakal diangkat dening bendarane dadi tetuwaning para abdi kang nyadhongi pangan marang dheweke kabeh ing wayah kang wis katemtokake?
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Yésus terus ngomong: “Slaf sing kaya ngapa sing kenèng diarani slaf sing temen lan dunung? Ya slaf sing dipasrahi penjawab nata kantya-kantyané tunggal slaf, supaya ngekèki bagèané pangan marang slaf-slaf liyané nèk wis wayahé.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Semauré Gusti: “Sapa ta sing dadi juru ngrumati omah sing setia lan pinter, sing bakal diangkat karo bendarané kanggo para abdi sing ngedum pangan marang para abdi kabèh ing wantyi sing wis ditemtokké?