Luke 13:25 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawa kang kagungan dalem wis jumeneng lan wis ngancing lawang, lan kowe wiwit ngadeg ana ing jaba ndhodhog lawang kalawan matur: Gusti, kawula nyuwun kori! Panjenengane bakal mangsuli mangkene: Aku ora ngreti, kowe iku saka ngendi.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nèk wis tekan waktuné, sing nduwé omah bakal tangi nutup lawangé. Kowé bakal ngadek nang njaba totok-totok, ngomong: ‘Gusti, mbok dibukakké lawangé ta!’ Nanging sing nduwé omah bakal semaur: ‘Aku ora kenal kowé!’
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn sing nduwé omah wis ngadek lan ngantying lawangé lan kowé ngadek ing njaba lan wiwit totok-totok lawang karo ngomong: Bendara, kita dibukakké lawangé! Panjenengané bakal nyauri ngéné: Aku ora kenal, kowé kuwi sapa?