Luke 14:12 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Gusti Yesus uga banjur ngandika marang wong kang ngaturi rawuh Panjenengane: “Manawa kowe nganakake pista ing wayah awan utawa bengi, kowe aja ngulemi mitra-mitramu, utawa sadulur-sadulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu kang sugih-sugih, amarga iku bakal padha males genti ngulemi kowe, dadi kowe wis oleh piwales.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Yésus terus ngomong marang wong sing ngulemi Dèkné: “Nèk kowé ngulemi wong diejèk pésta, senajana awan apa mbengi, aja namung ngulemi kantya-kantyamu apa sedulur-sedulurmu, apa krandah lan tangga-teparomu sing sugih. Awit wong-wong kuwi bakal mbales ngulemi kowé. Dadiné kowé nampa balesané penggawému.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yésus uga terus ngomong marang wong sing ngundang Panjenengané: “Yèn kowé nganakké pésta ing wantyi awan utawa mbengi, kowé aja ngulemi kantya-kantyamu, utawa sedulur-sedulurmu, utawa sanak-kadangmu utawa tangga-teparomu sing sugih-sugih, awit kuwi bakal pada gentèn ngulemi kowé, dadi kowé wis pada olèh balesan.