Luke 16:31 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Rama Abraham: Manawa ora padha ngrungokake paseksene Nabi Musa lan para nabi liyane, mesthi iya ora kena dikandhani, sanadyan ana wong kang tangi saka ing antarane wong mati.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging Bapa Abraham semaur menèh: ‘Nèk sedulur-sedulurmu ora gelem ngrungokké piwulangé nabi Moses lan para nabi liyané, mesti ya ora bakal pada pretyaya, senajan ènèng wong mati tangi sangka kuburané lan ngomongi wong-wong kuwi!’ ”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé Abraham: Yèn ora pada nggatèkké paseksiné Moses lan para nabi liyané, mesti ya ora kena diomongi, senajan sing ngomongi kuwi wong sing tangi sangka antarané wong mati.”