Luke 17:2 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Luwih becik manawa wong iku dikalungana ing watu panggilingan lan banjur dicemplungake ing sagara, katimbang nasarake salah sijine wong kang ringkih iki.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Apiké wong sing kaya ngono kuwi dikalungi watu gilingan, terus dityemplungké nang segara. Apik ngono tenimbang wong kuwi marakké wong pretyaya sing ijik ringkih nggawé dosa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Luwih betyik yèn wong kuwi dikalungi watu gilingan lan terus dityemplungké segara, tenimbang nasarké wong sing ijik ringkih pertyayané iki.