Luke 18:14 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Aku pitutur marang kowe: Wong iki saundure mulih kaanggep sampurna, dene sijine mau ora. Awit sing sapa ngluhurake awake dhewe, bakal kaasorake, dene kang ngasorake awake dhewe, iku bakal kaluhurake.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Ngandela, sak lungané sangka panggonan kono, pandongané wong belasting sing ditampa karo Gusti Allah, ora pandongané wong Farisi. Awit saben wong sing ngunggahké awaké déwé bakal diedunké, nanging wong sing ngedunké awaké déwé bakal diunggahké.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Aku ngomong marang kowé: Wong iki mulih karo dianggep bener karo Gusti Allah, nanging sijiné mau ora. Awit sapa sing ngluhurké awaké déwé, bakal diasorké, nanging sing ngasorké awaké déwé, kuwi bakal diluhurké.”