Luke 19:12 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Panjenengane banjur ngandika: “Ana sawijining priyagung tindak menyang ing tanah adoh bakal kajumenengake ratu ana ing kana, nuli kondur.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mulané Gusti Yésus terus ngekèki gambar marang wong-wong sing pada ngrungokké piwulangé. Tembungé: “Enèng wong gedé lunga nang negara adoh arep ditetepké dadi ratu nang kana. Sakwisé kuwi dèkné arep balik menèh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengané terus ngomong: “Ana penggedé lunga menyang sakwijiné negara sing adoh, Panjenengané pilih didekké ratu ing kana, sakwisé kuwi terus mulih.