Luke 2:25 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing kutha Yerusalem ana sawijining wong jenenge Simeon, wong mursid lan ngabekti marang Allah, kang nganti-anti marang panglipuring Israel sarta kang ingayoman ing Roh Suci.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Ing waktu kuwi nang kuta Yérusalèm kono ènèng wong sing jenengé Siméon. Siméon iki sakwijiné wong sing nuruti kekarepané Gusti Allah lan ngabekti marang Gusti Allah. Dèkné ngarep-arep kapan Gusti Allah bakal nekakké keslametan marang bangsa Israèl. Siméon iki kebek karo Roh Sutyi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing Yérusalèm ana wong jenengé Siméon, wong bener lan ngabekti marang Gusti Allah, sing ngentèn-entèni marang panglipurané Israèl lan sing diayomi karo Roh Sutyi.