Luke 20:15 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Anake mau banjur diuncalake menyang ing sajabaning pakebonan anggur sarta banjur dipateni. Saiki apa kang bakal dilakoni dening kang duwe pakebonan anggur iku tumrap wong-wong mau?
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wong-wong kuwi terus nyèrèt anaké sing nduwé kebon nang sak njabané kebon terus dipatèni.” Gusti Yésus terus takon marang wong-wong sing pada ngrungokké: “Saiki para penggarap kebon mau bakal dikapakké karo sing nduwé kebon?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Anaké mau terus diuntyalké menyang sak njabané kebon anggur lan terus dipatèni. Saiki apa sing bakal digawé karo sing nduwé kebon anggur kuwi kanggo wong-wong mau?