Luke 23:35 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wong akeh padha ngadeg nonton. Para panggedhe padha nyenyampahi Panjenengane, pangucape: “Wong-wong liya padha dipitulungi, cikben saiki mitulungi Awake dhewe, manawa pancen Sang Kristus, Pilihane Gusti Allah!”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wong okèh pada nyawang lelakon nang kono kuwi. Para pengarepé bangsa Ju pada moyoki Gusti Yésus, tembungé: “Dèkné wis nulungi wong liya. Nèk pantyèn wong kuwi Kristus, kongkonané Gusti Allah tenan, jajal kono apa bisa nulungi awaké dèkné déwé.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wong okèh pada ngadek ing kono lan nyawang sak kabèhé. Nanging para pemimpin pada ora ngajèni Panjenengané, tembungé: “Wong-wong liyané pada ditulungi, wis bèn ta saiki mitulungi awaké déwé, yèn pantyèn Mésias, Pilihané Gusti Allah!”