Luke 3:7 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nabi Yokanan banjur ngandika marang wong akeh kang padha teka nyuwun baptis: “Heh, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang akon kowe nyingkiri bebendu kang bakal tumempuh?
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wong pirang-pirang terus pada teka nang nggoné Yohanes njaluk dibaptis. Yohanes ngomong ngéné marang wong-wong kuwi: “Kowé kuwi anakan ula. Sapa ta sing ngomongi kowé nèk bisa nyimpangi setrapané Gusti Allah sing bakal teka?
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yohanes terus ngomong marang wong okèh sing pada teka njaluk dibaptis: “Hé, turunané ula upas! Sapa sing ngongkon kowé nyingkiri bebendu sing bakal nibani?