Luke 4:36 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kabeh wong padha eram, banjur padha rasanan: “Tembunge kok ngedab-edabi banget! Kalawan wibawa lan panguwasa anggone ndawuhi para dhemit, temah padha metu.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Wong-wong pada nggumun kabèh lan ngomong marang sakpada-pada: “Wah, jan antep banget tembungé. Dèkné nundung demit-demité nganggo pangwasa lan wujuté ya pada metu tenan.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kabèh wong pada nggumun, terus pada rerasan: “Tembungé kok ngidap-idapi banget! Enggoné ngomongi karo wibawa lan pangwasa, sak nalika roh-roh najis pada metu.”