Luke 5:15 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ewasamono pawarta bab Gusti Yesus iku malah saya sumebar nganti adoh, lan banjur akeh wong kang padha gumrudug sowan ing ngarsane arep ngrungokake pangandikane sarta supaya lelarane kawarasake.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging kabar bab Gusti Yésus kuwi malah mrèmèn-mrèmèn terus tekan endi-endi. Wong pirang-pirang terus pada teka kepéngin ngrungokké piwulangé lan uga supaya ditambani larané.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Senajan mengkono kabar bab Yésus kuwi malah mundak kasebar nganti adoh, lan terus okèh wong sing pada gembruduk nemoni ing ngarepé arep ngrungokké tembungé lan supaya larané diwaraské.