Luke 5:17 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju memulang, ana wong Farisi lan ahli Toret sawatara kang padha lungguh ngrungokake. Iku padha teka saka ing desa-desa ing tanah Galilea lan Yudea, sarta saka ing kutha Yerusalem. Kawasaning Pangeran ana ing Panjenengane, mula saged paring kawarasan marang wong lara.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Ing sakwijiné dina, dongé Gusti Yésus ijik memulang, uga ènèng wong Farisi lan guru-guru Kitab mèlu njagong ngrungokké. Wong-wong kuwi tekané sangka kuta-kuta nang bawah Galiléa, Yudéa lan Yérusalèm. Gusti Yésus nampa pangwasané Gusti Allah kanggo nambani sing pada lara.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing sakwijiné dina nalika Yésus pinuju mulangi, ana wong Farisi lan juru Torèt sing pada lungguh ngrungokké. Kuwi pada teka sangka désa-désa ing Galiléa lan Yudéa lan sangka Yérusalèm. Kwasané Gusti ana ing Panjenengané, mulané bisa maraské wong lara.