Luke 5:36 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan maneh Panjenengane iya paring pasemon marang wong-wong mau: “Ora ana wong golek tambalan kalawan nyuwek klambi anyar kanggo nambal klambi lawas. Yen mangkono, kang anyar iku bakal suwek, tur tambalan kang anyar mau ora cocog karo kang lawas.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Yésus terus mulangi nganggo gambar. Dèkné ngomong ngéné: “Apa tau ènèng wong nggunting klambi anyar kanggo nambal klambi sing lawas? Mesti ora! Awit klambiné anyar mengko mesti rusak. Karomenèh gombalé anyar ya ora pantes karo klambiné lawas.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan menèh Panjenengané ya ngekèki semonan marang wong-wong mau: “Ora ana wong golèk tambalan karo nyuwèk klambi anyar kanggo nambal klambi lawas. Yèn mengkono, sing anyar kuwi uga bakal suwèk, tur kanggo sing lawas kuwi tambalan sing sangka suwèkané sing anyar mau ora bakal tyotyok.