Luke 8:20 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Tumuli ana wong kang ngunjuki uninga, ature: “Ingkang ibu saha sadherek-sadherek Paduka wonten ing jawi badhe kepanggih kaliyan Paduka.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Terus ènèng wong ngomongi Dèkné ngéné: “Guru, ibumu lan sedulur-sedulurmu nang njaba, kepéngin metuki Kowé.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus ana wong sing ngekèki ngerti, tembungé: “Ibu lan sedulur-sedulur Panjenengan ing njaba arep ketemu karo Panjenengan.”