Luke 8:28 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika ndeleng Gusti Yesus banjur mbengok lan sumungkem ing bumi ana ing ngarsane sarta banjur matur kalawan swara sora: “Punapa urusan Paduka kaliyan kawula, dhuh Sang Yesus, Putraning Allah ingkang Mahaluhur? Kawula nyuwun, mugi Paduka sampun ngantos misakit kawula.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kadung weruh Gusti Yésus wongé terus mbengok lan niba nang ngarepé, terus ngomong karo swara banter: “Yésus, Anaké Gusti Allah sing kwasa déwé, aku arep mbok kapakké? Aku nyuwun tenan, aku aja dipilara.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nalika weruh Yésus terus mbengok lan sendeku ing ngarepé lan ngomong karo swara banter: “Apa urusan Panjenengan karo kula, duh Yésus, Putrané Gusti Allah sing Mahaluhur? Kula njaluk, supaya Panjenengané aja nganti nglarani kula.”