Luke 8:39 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Kowe muliha menyang ing omahmu lan martak-martakna kabeh apa kang wis katandukake dening Allah marang kowe.” Wong mau iya banjur lunga lan ndlajahi Sakutha kabeh kalawan nyritakake apa kang wis katindakake dening Gusti Yesus tumrap ing awake.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Yésus ngomong: “Kana kowé balik nang désamu waé lan wong-wong diomongi bab sing ditindakké karo Gusti Allah ing uripmu.” Wongé ya terus balik lan wong sak kuta kabèh diomongi apa sing ditindakké karo Gusti Yésus ing uripé dèkné.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Kowé muliha menyang omahmu lan tyritakna kabèh apa sing wis ditindakké karo Gusti Allah marang kowé.” Wong mau ya terus lunga lan ndlajahi sak kuta kabèh karo nyritakké apa sing wis ditindakké karo Yésus kanggo awaké.