Malachi 1:10 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Upama anaa salah sijine panunggalanira kang gelem ngancing lawang, supaya aja nganti sira nyumed geni ana ing misbyahingSun tanpa guna. Sira ora padha ndadekake keparenging galihingSun -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- sarta pisungsung kang saka ing tanganira Ingsun ora karsa nampeni.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Betyiké anaa salah sijiné sak panunggalmu sing gelem ngantying lawangé griya sutyi, supaya aja nganti kowé nyumet geni tanpa guna ing mesbèh-Ku. Kowé ora pada ndadèkké senengé ati-Ku”, mengkono tembungé GUSTI sing ngwasani langit, “lan pisungsung sing sangka tanganmu Aku ora gelem nampani.