Malachi 1:11 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Awitdene saka ing keblat pletheke srengenge, tekan keblat surupe, asmaningSun luhur ana ing antarane para bangsa, sarta ing saenggon-enggon asmaningSun kasaosan dupa lan kurban dhaharan kang suci, awit luhur asmaningSun ana ing antarane para bangsa, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi. --
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit sangka waktu njedulé srengéngé, tekan mingslepé, asma-Ku luhur ing antarané para bangsa, lan ing sak enggon-enggon asma-Ku dipasrahi dupa lan kurban panganan sing sutyi, awit luhur asma-Ku ing antarané para bangsa”, mengkono tembungé GUSTI sing ngwasani langit.