Malachi 1:13 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sira padha celathu: “Delengen, sapira rekasane!” Sira banjur marakake Ingsun ngresula, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi --, lan sira nyaosake kewan rampasan, kewan kang pincang sarta kewan kang laranen. Iku sira pisusungake. Apa iya iku Ingsun tampeni saka ing tanganira? -- Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah. --
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kowé pada ngomong: ‘Delengen, sak pira rekasané!’ Lan kowé terus ndadèkké Aku susah”, mengkono tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi. “Lan kowé masrahaké kéwan rampasan, kéwan sing pintyang lan kéwan sing lara-laranen. Kuwi kok pasrahaké. Apa ya kuwi Aku nampani sangka tanganmu?” Mengkono tembungé GUSTI.