Malachi 1:14 — Compare Translations
2 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Kenaa ing laknat wong kang duwe kewan lanang ana ing antarane raja-kayane, kang wus didhewekake, ewasamono banjur ngurbanake kewan cacad marang Pangeran Yehuwah. Sabab Ingsun iki Ratu kang agung, -- mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi, -- sarta asmaningSun diajrihi ana ing antarane para bangsa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Kenaa bebendu wong sing nduwé kéwan lanang ing antarané kéwan-kéwané, sing wis dijanjèkké, senajan mengkono terus ngurbanké kéwan tyiri marang GUSTI. Awit Aku iki Ratu sing gedé,” mengkono tembungé GUSTI sing ngwasani langit. “Lan asma-Ku diajèni ing antarané para bangsa.”