Malachi 1:8 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Manawa sira padha ngurbanake kewan kang picak, apa iku ora ala? Utawa manawa sira ngurbanake kang pincang utawa kang laranen, apa iku ora ala? Coba kang mangkono iku aturna marang bupatinira, apa sira ndadekake keparenge, apa maneh apa banjur nampani sira kanthi seneng? -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn kowé pada ngurbanké kéwan sing pityek, apa kuwi ora ala? Utawa yèn kowé ngurbanké sing pintyang utawa sing lara-laranen, apa kuwi ora ala? Tyoba sing mengkono kuwi pasrahna marang lurahmu, apa kowé ndadèkké senengé dèkné, apa menèh terus nampani kuwi karo seneng? Mengkono tembungé GUSTI sing ngwasani langit lan bumi.