Malachi 3:7 — Compare Translations

2 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Wiwit jamane para leluhurira sira wus padha nyimpang saka pranataningSun lan iku ora sira tetepi. Padha balia marang Ingsun, dadi Ingsun iya bakal mangsuli sira, -- mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi -- nanging sira padha munjuk: “Anggen kawula sami wangsul kadospundi patrapipun?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Wiwit jamané para leluhurmu kowé wis pada nyimpang sangka pernatan-Ku lan kuwi ora kok tetepi. Pada balia marang Aku, dadi Aku ya bakal nyauri kowé, mengkono préntahé GUSTI sing ngwasani langit, nanging kowé pada ngomong: ‘Enggèn kula pada mbalik kepriyé tyarané?’