Mark 1:39 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Panjenengane banjur ndlajahi tanah Galilea kabeh lan nggelarake Injil ana ing papan-papan pangibadah ing kono sarta nundhungi dhemit.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Yésus terus mlaku-mlaku marani désa-désa nang bawah Galiléa karo nggelarké kabar kabungahan nang sinaguk-sinaguk. Lan demit-demit sing ngwasani wong pada dietokké kabèh.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengané terus nggelarké piwulang ing bawah Galiléa kabèh, ing sinaguké wong-wong ing kono lan nundungi demit-demit.