Mark 10:46 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Banjur padha tekan ing kutha Yerikho. Nalika Gusti Yesus tindak miyos saka ing Yerikho, kadherekake dening para sakabate lan wong akeh gumrudug, ana wong ngemis wuta, jenenge Bartimeus, anake Timeus, linggih ndheprok ing pinggir dalan.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Yésus lan murid-muridé teka nang kuta Yériko. Kadung bareng karo wong pirang-pirang lunga menèh sangka Yériko, ènèng wong lamur ngemis nang pinggir dalan. Wong iki jenengé Bartiméus, anaké Timéus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yésus lan para muridé terus pada tekan Yériko. Nalika Panjenengané lunga metu sangka Yériko, ditutké para muridé lan wong okèh; ana wong ngemis lamur, jenengé Bartiméus, anaké Timéus, ndéprok ing pinggir dalan.