Mark 11:18 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Para pangareping imam lan para ahli Toret padha krungu lelakon iku, banjur mbudidaya bisane nyedani Panjenengane, amarga padha wedi marang Panjenengane, awit wong akeh padha kaeraman kabeh ngrungokake piwulange.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Para pengarepé imam lan guru Kitab krungu sing diomong karo Gusti Yésus terus pada wedi, awit wong-wong liyané kabèh seneng ngrungokké piwulangé Gusti Yésus. Mulané para imam lan guru Kitab mau pada mikir lan nggolèk akal arep matèni Gusti Yésus.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para pengarepé imam lan para juru Torèt pada krungu anané lelakon kuwi, terus pada golèk akal enggoné arep matèni Yésus; awit wong-wong kuwi pada wedi marang Panjenengané, awit wong okèh kabèh pada nggumun marang piwulangé.