Mark 13:22 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sabab bakal ana kristus-kristus lan nabi-nabi palsu kang jumedhul lan kang nganakake pratandha-pratandha sarta mukjijat-mukjijat, karepe, yen bisa arep nasarake para pepilihan.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Awit okèh wong bakal teka ngomong: ‘Aku iki Kristus,’ apa ‘Aku iki kongkonané Gusti Allah,’ nanging wujuté dudu lan namung ngapusi. Wong-wong kuwi bakal nggawé tanda-tanda lan mujijat-mujijat. Tujuané namung kanggo nyasarké kowé. Semunggoné bisa ngono ya arep nyasarké wong-wong sing wis dipilih karo Gusti Allah mbarang. Nanging ora bisa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Awit bakal ana mésias-mésias palsu lan nabi-nabi palsu bakal pada njedul lan bakal pada nggawé tanda-tanda lan mujijat-mujijat, karepé, bisa kanggo nasarké para wong pilihan.