Mark 2:22 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Mangkono uga ora ana wong kang ngisekake anggur anyar ing impes lawas, amarga yen mangkono anggure bakal ngamohake impes mau, satemah anggure lan impese loro-lorone bakal tanpa guna. Mulane anggur anyar kudune diwadhahi ing impes anyar.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Lan menèh, mosok anggur anyar diwadahi kantongan lulang lawas? Mesti ora ta! Mengko ndak kantongané bedah lan angguré wutah nganggur. Anggur anyar kuduné diwadahi kantongan anyar.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan ora ana wong ngisèkké anggur anyar ing kantong kulit lawas; awit yèn mengkono angguré bakal ngrusak kantongané, terus dadia angguré uga kantongané bakal dadi rusak lan tanpa guna; nanging anggur anyar kuduné diwadahi ing kantong kulit sing anyar.”