Mark 2:26 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
yaiku anggone banjur lumebu ing Padalemaning Allah, nalika Abyatar dadi Imam Agung, nuli dhahar roti cecaosan -- kang ora kena dipangan dening wong liyane kajaba dening para imam -- lan para pandhereke iya banjur padha diparingi uga?”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Apa dèkné ora terus mlebu nang omahé Gusti Allah lan mangan rotiné. Dèkné lak wis ngerti ta nèk namung para imam sing éntuk mangan roti sing wis dipasrahké marang Gusti Allah kuwi. Ing waktu kuwi sing dadi Imam Gedé Abiatar. Malah kantyané mbarang diedumi lan pada mèlu mangan karo Daved. Lan ora ènèng wong sing ngomong nèk dèkné klèru.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
kepriyé enggoné pada mlebu ing griyané Gusti Allah, nalika jamané imam gedé Abyatar lan mangan roti - sing ora dililani dipangan kejaba mung karo para imam - lan ya malah ngekèkké roti kuwi marang para sing mèlu?”