Mark 6:22 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing nalika samana putrane putri Sang Putri Herodhias lumebu lan beksa, njalari sukaning panggalihe Sang Prabu Herodhes lan para tamu-tamune. Sang Nata banjur ngandika marang putri mau: “Kowe nyuwuna marang aku sakarepmu, mesthi bakal dakparingi!”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kadung anaké Hérodias molai njogèt, ratuné lan dayoh-dayohé terus pada seneng tenan karo botyah wédok kuwi. Mulané ratu Hérodès terus ngomong marang botyahé: “Kowé kepéngin apa Wuk, sak njalukmu tak kèki.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nalika anaké wadon Hérodias mlebu lan terus njogèt, kuwi gawé senengé Hérodes lan para tamuné. Ratu Hérodes terus ngomong marang anaké wadon kuwi: “Kowé njaluka marang aku apa sing kok karepaké, mesti bakal tak kèkké!”