Mark 6:56 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Menyanga ngendi bae tindake, menyang ing desa-desa, menyang ing kutha-kutha apa menyang ing kampung-kampung, wong-wong padha nyelehake wong lara ana ing pasar lan nyuwun marang Panjenengane, supaya dililani ndemek gombyoking jubahe bae. Dene kabeh kang ndemek jubahe padha dadi waras.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Endi waé sing ditekani Gusti Yésus, kebonan, désa apa kuta, wong-wong mesti pada teka nggawa sing lara, terus diglétakké nang lataré pasar. Wong-wong pada nyuwun marang Gusti Yésus nglilani sing lara ndemèk saliné Dèkné, senajan namung gombyoké. Sing ndemèk terus pada mari.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing ngendi waé Panjenengané teka, ing désa-désa, ing kuta-kuta, utawa ing kampung-kampung, wong-wong pada nyèlèhké sing lara kuwi ing pasar lan njaluk marang Panjenengané, supaya ndemèk senajan mung gombyoké jubahé waé. Nanging sak kabèhé wong sing pada ndemèk Panjenengané kuwi pada dadi waras.