Matthew 11:23 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Apadene kowe Kapernaum, apa kowe bakal kaluhurake nganti sundhul ing langit? Ora, kowe bakal kacemplungake ing teleng palimenganing pati. Sabab manawa ing Sodom kalakon ana mukjijat-mukjijat sing tumindhak ana ing tengah-tengahmu, kutha iku mesthi lestari tekan saprene.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Uga kowé sing manggon nang kuta Kapèrnakum. Apa kowé bakal dijunjung munggah swarga? Ora bakal! Kowé malah bakal dityemplungké nang neraka. Awit semunggoné nang kuta Sodom ènèng mujijat-mujijat kaya sing ènèng nang tengahmu, kuta Sodom mesti saiki ijik ènèng.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Uga kowé Kapernaum, apa kowé bakal kaluhurké nganti sundul langit? Ora, kowé bakal dityemplungké ing panggonané pepetengé pati. Awit yèn ing Sodom kelakon mujijat-mujijat sing kedadian kaya ing tengah-tengahmu, kuta kuwi mesti lestari tekan saiki.