Matthew 12:27 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Dadine yen Aku nundhungi dhemit nganggo jenenge Beelzebul, lah nganggo jenenge sapa yen anak-anakmu nundhung? Mulane anak-anakmu iku kang bakal padha ngadili kowe.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kowé ngomong nèk Aku nundung demit, awit Bèlsebul sing ngekèki pangwasa marang Aku. Nèk ngono, lah murid-muridmu kuwi sing nundungi demit éntuk pangwasa sangka endi? Murid-muridmu déwé tandané nèk pikiranmu kuwi klèru.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Yèn Aku nundungi demit nganggo jenengé Bèèlsébul, lan nganggo jenengé sapa anak-anakmu olèhé nundungi? Mulané anak-anakmu kuwi sing bakal pada ngadili kowé.