Matthew 12:41 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Besuk ana ing pangadilan wong-wong Niniwe bakal tangi bareng karo jinis iki lan bakal ngadili jinis iki. Sabab wong-wong Niniwe iku sawise ngrungokake piwulange Yunus, banjur padha mratobat, lan mangka satemene kang ana ing kene iki ngungkuli Yunus.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Mbésuk ing dina kruton wong-wong kuta Ninewé bakal pada ditangèkké bareng karo wong-wong iki lan bakal nyalahké wong-wong iki. Awit dongé wong Ninewé krungu tembungé Gusti Allah sing digelarké karo nabi Yonah, wong-wong kuwi terus pada njaluk ngapura marang Gusti Allah lan ninggal laku sing ala. Lah mangka sing ngadek nang kéné iki gedéné ngungkuli nabi Yonah.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Mbésuk ing pengadilan wong-wong Ninewé bakal tangi bareng karo golongan iki lan bakal ngadili golongan iki. Awit wong-wong Ninewé kuwi sakwisé ngrungokké piwulangé Yunus, terus pada mratobat, sak temené ing kéné iki ngungkuli Yunus.