Matthew 18:13 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Satemene Aku pitutur marang kowe: Manawa bisa ketemu, kabungahane tumrap wedhus sing siji iki ngluwihi tumrap wedhus sangangpuluh sanga kang ora katriwal.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nèk wongé wis nemu wedusé sing ilang mau, mesti dèkné bungahé karo wedus sing siji kuwi ngungkul-ungkuli bungahé karo sing sangang puluh sanga sing ora ilang.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak temené Aku ngomong marang kowé: Yèn bisa ketemu, kebungahané kanggo wedus gèmbèl sing siji iki ngungkuli tenimbang wedus sangang puluh sanga sing ora kesasar.