Matthew 19:12 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ana wong kang ora bisa omah-omah, awit wiwit lair saka ing guwa-garbane ibune, kaanane wis kaya mangkono lan ana wong kang didadekake mangkono dening wong liya lan ana maneh kang gawe awake dhewe mangkono saka karepe dhewe marga saka Kratoning Swarga. Sing sapa bisa ngreti, supaya mangretia.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Awit ènèng wong sing ora bisa omah-omah, jalaran kawit lair wis ngono. Enèng uga sing ora bisa omah-omah, jalaran didadèkké ngono karo wong liyané. Lan ènèng liyané menèh sing milih ora omah-omah sangka karepé déwé, jalaran namung kepéngin ngurusi Kratoné Gusti Allah. Sapa sing bisa nglakoni, ya bèn nglakoni.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ana wong sing ora bisa omah-omah, awit wiwit lair sangka wetengé ibuné, kahanané wis kaya mengkono lan ana wong sing didadèkké mengkono karo wong liyané lan ana menèh sing nggawé awaké déwé mengkono sangka karepé déwé awit sangka Kratoné swarga. Sapa sing bisa ngerti, kuwi ngertènana.”