Matthew 2:13 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Sapungkure para pandhita mau lah tumuli ana malaekating Pangeran, kang ngatingali marang Yusuf ing sajroning pangimpen lan dhawuh:“Tangia, Sang Timur lan kang ibu ungsekna menyang ing tanah Mesir, sarta manggona ing kana nganti Ingsun paring pangandika marang sira; mulane mangkono awit Herodhes bakal nggoleki Sang Timur arep disedani.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Sakwisé wong-wong pinter mau pada mulih, terus ènèng mulékaté Gusti Allah ngétok marang Yosèf ing sakjeroné impèn. Mulékaté mau ngomong ngéné: “Yosèf, tangi! Bayiné lan ibuné gawanen lunga nang negara Egipte. Pada manggona nang kana tekané aku ngomongi kowé menèh. Awit ratu Hérodès bakal nggolèki Bayiné arep dipatèni.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Sak mungkuré para wong pinter mau terus ana mulékaté Gusti, sing ngétoki marang Yosèf ing sak njeruhné impèn lan ngongkon: “Tangia, Anaké lan ibuné ngungsia menyang Egipte, lan manggona ing kana nganti Aku ngekèki tembungé marang kowé. Awit Hérodes bakal nggolèki Anak kuwi lan arep matèni Panjenengané.”