Matthew 2:8 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
nuli padha didhawuhi menyang ing Betlehem sarta kaweling: “Padha mangkata, titi-priksanen sing tlesih bab Sang Timur iku, dene samangsa wus ketemu, enggal padha ngunjukana uninga marang aku, supaya aku iya bisa mrana ngabekti marang Panjenengane.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Sakwisé kuwi wong-wong pinter mau terus dikongkon budal nang kuta Bètlehèm. Ratu Hérodès ngomong ngéné marang wong-wong kuwi: “Kana pada budal lan pada nggolèk sak ènèngé kabar bab Bayi kuwi. Nèk wis ketemu, aku diomongi, supaya aku uga bisa nyembah marang Dèkné.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
terus pada dipréntahké menyang Bètlehèm lan diweling: “Pada lungaa, tlitinen sing tenan bab Anak kuwi, yèn wis ketemu, gelis pada ngekèkana ngerti marang aku, supaya aku ya bisa mrana nyembah marang Panjenengané.”