Matthew 20:21 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Gusti Yesus ndangu: “Kowe arep matur apa?” Unjuke: “Mugi karsaa paring dhawuh, supados anak kawula kekalih punika, benjing wonten ing Kraton Paduka, sami linggiha ingkang satunggal wonten ing tengen, satunggalipun ing kiwa Paduka.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Yésus terus takon: “Apa sing mbok karepké?” Bojoné Sébédéus terus ngomong: “Gusti, mbok janji ta, nèk Gusti mbésuk dadi ratu, anakku kabèh loro kelilan njagong nang sebelahé Gusti, sing siji tengen lan liyané kiwa?”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Panjenengané terus ngomong marang wong wadon kuwi: “Apa sing kok karepaké?” Tembungé wong wadon kuwi: “Gusti supaya mréntahké supaya anak kula loro kuwi mbésuk pada lungguh sing siji ing tengen lan sijiné ing kiwa Panjenengan ing Kraton Panjenengan.”