Matthew 21:33 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Padha ngrungokna pasemon liyane. Ana sawijining wong kang gawe pakebonan anggur, dipageri mubeng, sarta digawekake jogangan papan pameresan apamaneh panggung pajagan. Pakebonan mau banjur disewakake marang wong, tumuli mangkat lelungan menyang ing nagara liya.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Yésus ngomong: “Pada dirungokké piwulang iki. Enèng wong sugih nduwé kebon dreif. Keboné dipageri mubeng lan digawèkké panggonan kanggo meres dreifé. Wongé uga ngedekké gubuk duwur kanggo njaga. Sakwisé kuwi keboné terus diséwakké marang wong-wong liyané. Wongé déwé terus lunga nang liya negara.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Kowé pada rungokna semonan liyané. Ana sakwijiné bendara sing nanduri kebon angguré lan masang pager ngubengi kebon angguré kuwi lan ngeduk juglangan peresan anggur sak njeruhné kebon anggur kuwi, uga mbangun panggung penjagan, terus nyéwaké keboné marang wong-wong sing nggarap séwan, terus lelungan menyang negara liyané.