Matthew 22:16 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nuli kongkonan murid-muride bebarengan karo wong-wong Herodhian, matur pitakon: “Guru, kula sami sumerep, bilih Panjenengan punika jujur saha mulang bab margining Allah kanthi jujur, punapa dene Panjenengan boten mraduli dhateng sinten kemawon, amargi Panjenengan boten mawang tiyang.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Terus pada kongkonan murid-muridé kono bareng karo wong-wong golongané ratu Hérodès marani Gusti Yésus. Wong-wong iki terus takon: “Guru, awaké déwé ngerti nèk kowé wong jujur lan blaka enggoné mulangké bab kekarepané Gusti Allah kanggo manungsa. Kowé ora wedi lan ora perduli karo sapa-sapa.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Terus kongkonan murid-muridé teka marang Panjenengané bebarengan karo wong-wong Hérodéan, ngomong: “Guru, kita pada ngerti, yèn Panjenengan kuwi jujur lan mulangi bab dalané Gusti Allah karo jujur, nanging Panjenengan ora perduli marang sapa waé, awit Panjenengan ora nyawang wong.