Matthew 26:34 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Satemene Aku pitutur marang kowe: Bengi iki, sadurunge jago kluruk, kowe wis nyelaki Aku kaping telu.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Yésus semaur ngéné: “Rungokké Pétrus, ing wengi iki waé, sakdurungé jago kluruk, kowé bakal nyélaki Aku sampèk ping telu.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Tembungé Yésus marang Pétrus: “Sak temené Aku ngomong marang kowé: Ing mbengi iki, sak durungé pitik jago kluruk, kowé bakal nyélaki Aku kaping telu.”