Matthew 26:35 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Atur wangsulane Petrus: “Sanadyan kawula ngantos pejah sesarengan kaliyan Paduka, kawula boten badhe nyelaki Paduka.” Para sakabat liyane iya padha munjuk mangkono.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Nanging rasul Pétrus ngomong: “Gusti, Aku ora pisan-pisan bakal ninggal Kowé, senajan aku kudu mati bareng karo Kowé.” Lan murid-murid liyané uga kabèh pada ngomong ngono.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Pétrus ngomong marang Panjenengané: “Senajan kula kudu mati bareng karo Gusti, kula ora arep nyélaki Gusti.” Para muridé kabèh ya pada ngomong kaya mengkono.