Matthew 26:57 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Gusti Yesus sawise kacepeng banjur kairid menyang ing daleme Imam Agung Kayafas. Para ahli Toret lan para pinituwa wis padha nglumpuk ana ing kono.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Gusti Yésus terus digawa nang omahé Imam Gedé Kayafas. Nang kono para guru Kitab lan para pinituwané bangsa Ju wis pada nglumpuk.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Para sing nyekel Yésus terus nuntun Panjenengané menyang omahé imam gedé Kayafas. Ing kono para juru Torèt lan para pinituwa wis pada nglumpuk.