Matthew 27:19 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Nalika Sang Pilatus lagi lenggah ing kursi pangadilan, garwane utusan matur: “Sampun ngantos panjenengan tumut-tumut ing prakawisipun tiyang mursid punika, sabab margi saking Panjenenganipun punika salebeting ngimpi kala wau dalu, kula ngraosaken sisah.”
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Dongé Pilatus njagong nang krosi kruton, bojoné dèkné terus kongkonan ngomongi dèkné ngéné: “Aja mèlu-mèlu ngurusi prekarané wong sing ora salah kuwi. Awit mau mbengi aku ngimpi lan krasa sedi tenan nyawang wong kuwi.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Nalika Pilatus ijik njagong ing kursi pengadilan, bojoné kongkonan ngomong: “Aja nganti sampéyan mèlu-mèlu ing perkara wong bener kuwi, awit mau mbengi nggawé susah kula njeruhné ngimpi awit Panjenengané.”