Matthew 4:24 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Pawarta bab Panjenengane iku banjur sumebar ing tanah Siria kabeh; sakehe wong, kang nandhang lelara banjur padha disowanake menyang ing ngarsane, kang rupa-rupa lelarane lan sangsarane, wong kasurupan, wong ayan lan wong lumpuh, tumuli padha diwarasake.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Kabar bab Gusti Yésus terus sumebar nang seluru bawah Siria. Wong-wong sing lara lan sing nduwé werna-werna pernyakit, sing kesurupan demit, sing lara ayanen lan sing lumpuh pada digawa nang nggoné Gusti Yésus lan kabèh ditambani.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Kabar bab Panjenengané kuwi terus kasebar ing panggonan Siria kabèh; kabèh wong sing ngalami lara terus pada digawa menyang Panjenengané, rupa-rupa lelarané lan sangsarané, wong ketèmpèlan, wong ayanen lan wong lumpuh, lan Panjenengané terus maraské wong-wong kuwi.