Matthew 6:24 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
“Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti; sijine ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Tembungé Gusti Yésus: “Ora ènèng wong sing bisa ngrangkep ngladèni gusti loro. Awit wongé bakal sengit karo sing siji lan nrésnani liyané, apa ngelem sing siji lan nyepèlèkké sing liyané. Semono uga kowé, kowé ora bisa ngladèni Gusti Allah lan uga ngladèni duwit.”
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
“Ora ana wong sing bisa dadi batur marang bendara loro, awit pungkasané bendarané sing siji bakal disengiti; sijiné ditrésnani, utawa bakal setia marang sing siji lan nyepèlèkké marang sijiné. Kowé ora bisa ngabekti marang Gusti Allah lan marang Mamon.