Matthew 7:22 — Compare Translations
3 translations compared side by side
Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Ing dina wekasan bakal akeh wong kang padha matur marang Aku: Gusti, Gusti, punapa kawula boten sampun medhar wangsit atas asma Paduka, sarta sampun nundhungi dhemit atas asma Paduka, punapa malih sampun ngawontenaken mukjijat kathah atas asma Paduka?
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
Ing dina kruton okèh wong bakal ngomong marang Aku: ‘Gusti, Gusti, awaké déwé lak ngabarké pituturé Gusti Allah ing jenengmu ta? Lan awaké déwé lak nundungi demit ing jenengmu ta lan awaké déwé ya nindakké mujijat ing jenengmu uga?’
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Ing dina pungkasan bakal okèh wong sing pada ngomong marang Aku: Gusti, Gusti, apa ora kula wis nubuat atas asma Panjenengan, lan wis nundungi demit atas asma Panjenengan, apa menèh wis nganakké mujijat okèh atas asma Panjenengan?