Matthew 9:16 — Compare Translations

3 translations compared side by side

Javanese Bible 1981 (Kitab Sutji)
Lan uga ora ana wong nambal sandhangan lawas nganggo suwekan anyar, awit tambalane iku bakal nyuwekake sandhangan mau, temahan malah saya amba amohe.
Javanese JVN (Javanese, Caribbean)
“Ora ènèng wong nambal salin lawas nganggo bakal sing anyar. Awit tambalané kuwi bakal mengkeret lan nyuwèkké saliné luwih amba.
Javanese KJS17 (Kitab Jawa Suriname)
Lan uga ora ana wong nambal sandangan lawas nganggo suwèkan anyar, awit tambalané kuwi bakal nyuwèkké sandangan mau, sak nalika malah mundak amba bedahé.